Friday, September 6, 2019

GELOMBANG ELEKTROMAGTIKA

Maha Suci Allah Yang di tangan-Nya-lah segala kerajaan, dan Dia Maha Kuasa atas segala sesuatu,Yang menjadikan mati dan hidup, supaya Dia menguji kamu, siapa di antara kamu yang lebih baik amalnya. Dan Dia Maha Perkasa lagi Maha Pengampun,Yang telah menciptakan tujuh langit berlapis-lapis. Kamu sekali-kali tidak melihat pada ciptaan Tuhan Yang Maha Pemurah sesuatu yang tidak seimbang. Maka lihatlah berulang-ulang, adakah kamu lihat sesuatu yang tidak seimbang?
QS. 67:1-3

GELOMBANG ELEKTROMAGTIKA adalah gelombang yang berfungsi untuk menyeimbangkan alam semesta.


Semarang 6 september 2019

Monday, August 19, 2019

PITUTUR #15 KEHENINGAN FIKIR

Nanggapi kahanan urip ing satêngahíng
bêbrayan iku gampang angèl.
Aran angèl kêpårå malah bisa gawé
kêtliwênging pikír samångså anggón kita
mawas kêdhisikan kagubêl ing håwå.
Aran gampang yèn kita biså mikír klawan
wêníng lan mênêb.
Iyå pamikír kang mênêb iku kang aran akal
budi sêjati.
Kang bisa mbabaraké wóhíng wawasan kang
mulús rêsík, ora kacampúran blêntóngé “si
aku”.
Apamanèh yèn tå kitå biså têtêp nguwasani
wêningíng pikír, nadyan kahanané uríp ing
satêngahing bêbrayan kisruhå dikåyångåpå,
istingarah ora angèl anggón kita nanggapi.

KEHENINGAN FIKIR

(Menaggapi kehidupan di tengah pergaulan
masyarakat itu gampang-gampang susah.
Susahnya karena dapat mebuat fikiran
keblinger apabila dalam membangun sikap
mawas diri sudah terbalut hawa nafsu.
Mudahnya, apabila kita mampu berfikir dengan
jernih dan menahan diri (mengendapkan emosi).
Menahan diri merupakan akal budi sejati.
Yang dapat menjabarkan buah dari wawasan
yang bersih tanpa cacat, maksudnya tidak
tercemar oleh noda ke-aku-an. Apalagi bila
kita teguh menguasai kebeningan fikir,
walaupun kehidupan bermasyarakat terjadi
kekacauan, maka tidaklah sulit kita
mensikapinya).

PITUTUR #14 PUNCAK DARI ILMU PENGETAHUAN DAN ILMU AGAMA ADALAH AKHLAQ

Wóng pintêr kang ora kinanthènan ing
kautaman iku ora bédå karo wóng wutå kang
nggåwå óbór ing wayah bêngi.
Madhangi wóng liyå nangíng dhèwèké dhéwé
lakuné kêsasar-sasar.
Kapintêran mangkéné iki yèn tå dicakaké ing
madyaning bêbrayan bakal nuwúhaké kapitunan,
pikolèhé malah múng wujúd kasangsaran lan
karusakan.
.
KEUTAMAAN BUDIPEKERTI ADALAH
TIANG ILMU

(Orang yang pandai tetapi tidak disertai
keutamaan perilaku dan budi pekerti, tidaklah
berbeda dengan orang buta yang membawa obor
di malam hari. Menjadi penerang orang lain,
tetapi perilaku dirinya sendiri malah tersesat-
sesat. Kepandaian semacam ini bila diterapkan
di tengah kehidupan bermasyarakat akan
menimbulkan kerugian, yang didapat hanyalah
kesengsaraan dan kerusakan).

PITUTUR #13 KEMENANGAN ITU MAHAL HARGANYA

Síng såpå ngidham kaluhuran kudu wani
kúrban lan ora wêgah ing kangèlan.
Mêrgå yèn tansah tidhå-tidhå, mokal åpå sing
kagayúh bisa digånthå lan tangèh lamún åpå
síng diluru bisa kêtêmu.
Makarti wani rêkåså kanthi masrahaké urip
lan jiwå rågå marang Kang Múrbèng Kuwåså.
Yèn kêpingín mênang pancèn larang patukóné,
yaiku kudu bisa nuhóni sêsanti: “Surå dirå
jayaníngrat lêbúr déníng pangastuti”.
.
KEMENANGAN ITU MAHAL HARGANYA

(Barang siapa gemar keluhuran budi harus
berani berkorban dan tidak enggan melewati
kesulitan. Karena bila ragu-ragu, tidaklah
mungkin apa yang diharapkan dapat terwujud,
dan mustahil apa yang dicari bisa ketemu.
Berani bekerja keras dengan dengan berserah
diri jiwa dan raga kepada Tuhan Yang
Mahakuasa. Bila ingin menang memang mahal
harganya, yakni harus dapat mematuhi
peribahasa; “sura dira jayaningrat lebur
dening pangastuti”)

PITUTUR #12 MANUSIA TAK LAZIM

Isíh bêjå yèn kowé diunèkaké “Ora Lumrah
Uwóng”, jalaran isíh dianggêp manungså.
Yå múng solah tingkahmu kang kudu kók owahi
amríh ora gawé sêrikíng liyan.
Cilakané yèn diunèkaké “Ora Lumrah
Manungså”, jalaran kowé dianggêp sétan
gêntayangan síng múng dadi lêlêthêging jagad
margå pakartimu kang ninggal sifat
kamanungsan.
Mula énggal-énggala sumujudå marang Gusti
Kang Múrbèng Dumadi.
Sifaté Gústi Allah mono sarwå wêlas asíh
marang umaté kang wís sadhar marang doså-
dosané sartå têmên-têmên bali tuhu marang
dhawúh-dhawuhé.

MANUSIA TAK LAZIM

(Masih beruntung bila kamu dibilang “tidak
lazimnya orang” sebab berarti masih danggap
manusia. Hanya saja polah tingkah mu yang
harus dirubah, agar tidak menimbulkan iri hati
orang lain. Celakanya bila kamu dibilang
“tidak lazimnya manusia” sebab kamu
dianggap setan gentayangan yang mengotori
jagad karena watakmu yang meninggalkan sifat
kemanusiaan. Maka dari itu, segeralah
bersujud kepada Tuhan Maha Pencipta.

PITUTUR #12 HAKEKAT SEDEKAH

Ora ånå pênggawé luwíh déníng múlya kêjåbå
dêdånå síng ugå atêgês mbiyantu nyampêti
kêkuranganing kabutuhané liyan.
Dêdånå marang sapêpådhå iku atêgês ugå
mitulungi awaké dhéwé nglêlantih marang råså
lilå lêgåwå kang ugå atêgês angabêkti marang
Pangéran Kang Måhå Wikan.
Pancèn pangabêkti mono wís aran pasrah, dadi
kitå ora ngajab marang baliné sumbangsih
kang kitå asúngaké.
Kabèh iku síng kagungan múng Pangéran Kang
Måhå Kuwåså, kitå ora wênang ngajab wóhíng
pangabêkti kanggo kitå dhéwé.
Nindakaké kabêcikan kanthi dêdånå kita pancèn
wajíb, nanging ngundhúh wóhíng kautaman kitå
ora wênang.
.
HAKEKAT SEDEKAH

(Tiada perbuatan lebih mulia selain sedekah
yang berarti membantu memenuhi kebutuhan
orang lain. Sedekah kepada sesama berarti
juga menolong diri sendiri, melatih diri
merasa ikhlas dan lapang dada, yang berarti
mengabdi kepada Tuhan Yang Maha
Mengetahui. Mengabdi sama halnya dengan
pasrah, kita tidak mengharap imbal-balik atas
apa yang kita berikan. Semua itu yang punya
hanyalah Tuhan Yang Mahakuasa. Kita tidak
berhak berharap buah dari pengabdian untuk
diri kita sendiri. Melakukan kebaikan dengan
cara berderma (sedekah) adalah wajib, tetapi
mengharap menuai buah dari kebaikan, kita
tidaklah berwenang).

PITUTUR #11 KIAT KELANGSUNGAN RUMAH TANGGA

Mêmitran pasêduluran nganti jêjodhowan kuwi
yèn siji lan sijiné biså êmóng-kinêmóng,
istingarah biså sêmpulúr bêcík. Yèn ånå
padudón sêpisan pindho iku wis aran lumrah,
bisa nambahi rakêtíng sêsambungan. Nangíng
suwaliké yèn pådhå angèl ngênggóni sifat
êmóng-kinêmóng mau gênah långkå langgêngé,
malah bédaníng panêmu sithík baé biså
marakaké dhahuru.
.
KIAT KELANGSUNGAN RUMAH TANGGA

(Hubungan persaudaraan hingga berjodoh itu
bila satu sama lainnya dapat saling
membimbing, ikhtiyar dapat membangun
kebaikan. Bila sekali dua kali terjadi
pertengkaran itu masih lumrah, dapat
menambah eratnya hubungan. Namun sebaliknya
bila tak mampu membangun sikap saling
membimbing maka jarang akan berlangsung
selamanya. Malah, perbedaan sedikit saja
akan menjadi sumber malapetaka).

TAHUKAH ANDA ???

GELOMBANG ELEKTROMAGTIKA

Maha Suci Allah Yang di tangan-Nya-lah segala kerajaan, dan Dia Maha Kuasa atas segala sesuatu,Yang menjadikan mati dan hidup, supaya Dia me...